Lirik Lagu Niken Salindry - Wong Ndeso
Ireng kulitku putih kulitmu
Rombeng klambiku ko toko klambimu
Pikiren disik yen seneng aku
Sing luwih apik ojo kesusu
Aku wong ndeso, sliramu wong kutho
Aku wong miskin uripmu terjamin
Ojo toh mobil ojo toh motor
Sepeda wae aku ra nduwe
Aku iki Mas anak’e wong tani
Bapakku macul
Si Mbok buruh tandur
Yen sliramu Mas putrane wong duwur
Bapakmu lurah tur uripmu makmur
Opo yo gelem mengko wong tuwamu
Yen nduwe mantu sing miskin koyo aku
Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Niken Salindry - Wong Ndeso"