Lirik Lagu Kawitaning Sinawang - Niken Salindry




Koyo ngene yen nandhang loro asmoro
Jroning nolo mangambar arum puspito
Dahat rasaku sesandhing marang sliramu
Dyah ayu memanike jantungku

Kawitan sinawange pasuryan
Tansah ginambar ing semune awang
Katon endah solah slagane
Karereng wredhu bawane

Duh kangmas tan kendhatku ngalembono
Batin jroning tyas hangidung tresno
Yen sinawang gebyare kahanan
Biso anut mbungahne angenan

Lintang ing tawang kadyo netramu
Padange bulan gambarne esemu
Sumilire angin gowo tresno
Jenengmu kang katut kagowo

Posting Komentar untuk "Lirik Lagu Kawitaning Sinawang - Niken Salindry "